HK is for Hadi Kuncoro

My photo
A Friend, Husband & Father! Time is always change and so does the world! House of Changes by HK is there to partner with you to share, brainstorm and dreams. We build a new pardigm for a better life and society. I do invite you to encourage ourself to lead the changes! Hadi Kuncoro

Monday, November 05, 2012

Ramalan Ki Joyoboyo

Berikut petikan ramalan Ki Joyoboyo : (Diambil dari beberapa sumber di internet) 1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda. 2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi. 3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa. 4. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air. 5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara. 6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat. 7. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut. 8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak. 9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal. 10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki. 11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik 12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati. 13. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri. 14. Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan. 15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi. 16. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung. 17. Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci. 18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang. 19. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan. 20. Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan. 21. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara. 22. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak. 23. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu. 24. Nantang bapa--- Menantang ayah. 25. Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat. 26. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga. 27. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan. 28. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul. 29. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil 30. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil 31. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil 32. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih. 33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu. 34. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu. 35. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja. 36. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah. 37. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka. 38. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu. 39. Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria. 40. Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong). 41. Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat. 42. Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan 43. Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji. 44. Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu. 45. Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang perwira/kejantanan 46. Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri. 47. Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami. 48. Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak. 49. Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri. 50. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang tukar istri/suami. 51. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda. 52. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu. 53. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen). 54. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis. 55. Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang. 56. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu. 57. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri. 58. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga. 59. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka. 60. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat. 61. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim. 62. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua. 63. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi. 64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya. 65. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang. 66. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang. 67. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi. 68. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja. 69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana. 70. Akeh laknat--- Banyak kutukan 71. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat. 72. Anak mangan bapak---Anak makan bapak. 73. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara. 74. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan. 75. Guru disatru---Guru dimusuhi. 76. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga. 77. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi. 78. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban. 79. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan. 80. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang. 81. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara. 82. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara. 83. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia. 84. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau. 85. Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar. 86. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat. 87. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna. 88. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat. 89. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu. 90. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara. 91. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa. 92. Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara. 93. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam. 94. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela. 95. Akeh barang haram---Banyak barang haram. 96. Akeh anak haram---Banyak anak haram. 97. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki. 98. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri. 99. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang. 100. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang. 101. Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual. 102. Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat. 103. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi. 104. Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas. 105. Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu. 106. Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar. 107. Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset. 108. Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur. 109. Sing wedi mati---Yang takut mati. 110. Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat. 111. Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih 112. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur 113. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih. 114. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian. 115. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir. 116. Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat. 117. Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang. 118. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya. 119. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat. 120. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi. 121. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar. 122. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka. 123. Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda. 124. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya. 125. Anak lali bapak---Anak lupa bapa. 126. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka. 127. Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris. 128. Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis. 129. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan. 130. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara. 131. Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek. 132. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai. 133. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih. 134. Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam. 135. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham. 136. Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela. 137. Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak. 138. Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara. 139. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang. 140. Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran. 141. Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun. 142. Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai. 143. Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana 144. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa. 145. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram. 146. Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar. 147. Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa. 148. Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada. 149. Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi. 150. Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung. 151. Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan. 152. Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan. 153. Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan. 154. Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh. 155. Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki. 156. Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan. 157. Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati. 158. Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit 159. Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau. 160. Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang 161. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah. 162. Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah. 163. Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi. 164. Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci. 165. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa. 166. Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela. 167. Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut. 168. Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan. 169. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah. 170. Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar. 171. Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai. 172. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh 173. Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga. 174. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin. 175. Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa. 176. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang. 177. Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi. 178. Agama ditantang---Agama ditantang. 179. Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka. 180. Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka. 181. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar. 182. Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak. 183. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan. 184. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi. 185. Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir. 186. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat. 187. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit. 188. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit. 189. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia. 190. Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela. 191. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima. 192. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci. 193. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak. 194. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga 195. Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau. 196. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa. 197. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan. 198. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur. 199. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab. 200. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci. 201. Buruh mangluh---Buruh menangis. 202. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan. 203. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi. 204. Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat. 205. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil. 206. Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh. 207. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela. 208. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai. 209. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah. 210. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang. 211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil. 212. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian. 213. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat. 214. Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu. 215. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung. 216. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

House of Changes by HK: Pekerja yg Pebisnis atau Pebisnis yg Pekerja....!

House of Changes by HK: Pekerja yg Pebisnis atau Pebisnis yg Pekerja....!: Dalam beberapa minggu terakhir status-status di FB lebih banyak bertema dalam area Bisnis atau wirausaha yang sedikit mencoba memprovokas...

House of Changes by HK: Pekerja yg Pebisnis atau Pebisnis yg Pekerja....!

House of Changes by HK: Pekerja yg Pebisnis atau Pebisnis yg Pekerja....!: Dalam beberapa minggu terakhir status-status di FB lebih banyak bertema dalam area Bisnis atau wirausaha yang sedikit mencoba memprovokas...